Friday, October 10, 2008

Mboku Nang Rumah Sakit Emanuel


Tepate nang rumahsakit emanuel purworejo klampok mboku dirawat. Tek pilih ruang merpati2 go istirahat. Ya pancen madan larang ning kpriwe maning be enak lan tenang dadi diareparep bisa cepet mari.
Lagi skitar taun 2003 an mboku tau tiba kang motor. Adiku sing mboncengena wektu semono. Merga kenang jedodan karo aspal sirahe mboku dadi mumet. Ora genah semon pengobatane tekan ngendi merga aku ora dikabari. Wektu semono aku agi aktif2e kuliah dadi keluarga ora tegel ngabari aku.
Hasil ct scan wingi nunjukena darah sing ana nang sirah gari 10 cc sekang 15 cc sing kewaca pas lagi bada. Ya wis madan stabil ora ngorong2 bae. Wis teyeng turu senajan kadang angger nglilir madan puyeng. Kanggo sapa bae sing maca blog kiye dongakena bae ya mboku cepet mari. Amiin..

No comments: